Senin, 20 April 2009

URIP

Yen urip mung dadi siksaning pangimpen
Kreteg marang sabrang pepesten
Ya ben ta maneka warna tangsah nggoda
Ya ben ta petenge wengi nyebar sepi-sepi

Ora ono nendra nganti ilange wengi
Uga yen ta awan mengko kari wewayangan
Teka mbaka siji lang ngilang kahanan bakal dak sinau dak sandang
Lan aku terus lumaku lan mbanjang

Teneh apa, apa maneh sing mesti diranti
Teneh apa, apa maneh sing perlu ditunggu
Kabeh wis dadi awu uga omahku kelawu

Aku sing pinasti urip lan mati
Ngupaya jarwa antaraning urip lan mati
Jroning urip ngubaya pati

Anie Sumarno (1964)

Tidak ada komentar: